Minggu, 20 Januari 2013

Panutup Kultum

Saking Rasulullah shollallahu ‘alaihi wa sallam:

"Sopo wonge kang lungguh sajroning majelis lan majelis iku mau akeh rame (gaduh), sabanjure sadurunge bubar saka majelis iku ndongo:
 
سُبْحَانَكَ اَللَّهُمَّ وَبِحَمْدِكَ، أَشْهَدُ أَنْ لاَ إِلَهَ إِلاَّ أَنْتَ أَسْتَغْفِرُكَ وَأَتُوْبُ إِلَيْكَ

“Maha Suci Panjenengan duh gusti Allah, sedaya puji kunjuk dumateng Allah; kulo dados seksi bilih mboten wonten ingkang kagungan hak dipun sembah kejawi namung Panjenengan gusti Allah; kulo nyuwun pangampunten ugi kulo mertobat dumateng ngarso Allah,” 


“Mongko Allah bakal pangapuro opo kang kedadian ing majelis iku kanggo deweke.” (HR. Ahmad dan At-Tirmidzi, dipun shahihaken Al-Albani).

Pambuko Kultum



أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيطَانِ الرَّجِيْمِ , بِسْمِ اللَّهِ الرَّحْمَنِ الرَّحِيمِ
اَلسَّلاَمُ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُ اللهِ وَبَرَكَاتُهُ
 اَلْحَمْدَ لِلَّهِ رَبِّ الْعَالَمِيْنَ، وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى أَشْرَفِ الْأَنْبِيَاءِ وَالْمُرْسَلِيْنَ، وَعَلَى أله وَأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ، أَمَّا بَعْدُ:
Alhamdulillah,  mangga sami tansah memuji syukur dumateng ngarsaning Allah SWT. Ingkang sampun maringi kanikmatan, rizki, rahmat ugi hidayah, arupi kesehatan, iman saha Islam.
Shalawat saha salam, kunjuk dumateng panutan kita Nabi Muhammad SAW, ingkang sampun kautus dening Allah supados nuntun umat manungsa dateng margi ingkang leres.  
Mugi rahmat saha salam, kaparingna dateng keluarga Nabi Muhammad SAW, poro sahabat, tabiin – tabi’ut-tabiin, sedaya umat muslim khususan ingkang kerso netepi ugi njagi sunah2ipun Rasulullah SAW. Insya Allah, mugi kalebet kula panjenengan sedaya.
Kanthi bismillah, mugi-mugi kita sedaya kagolong tiang taqwa (Muttaqin) ingkang tansah nindakaken dhawuhing Allah sarta nebihi awisanipun.